Showing posts with label B. JAWA. Show all posts
Showing posts with label B. JAWA. Show all posts

Ukara Lamba Lan Ukara Camboran

UKARA LAMBA LAN UKARA CAMBORAN
#Ukara Lamba (Kalimat Tunggal)
Tuladha :
a.       Bu Rurah ngantuk
b.      Tyus moco novel ing perpustakaan
c.       Saben esuk, Adzim nyemplung kali
d.      Tuku jamu ing Toko Manjur

#Ukara Camboran
a.       Camboran setara/sedrajat (tembung penghubung migunakake lan, utawa, nanging, dene, karo).
Tuladha :
1)      Semut lan gajah podho golek mangan
2)      Semut seneng legi dene tikus seneng asin
3)      Eza karo Jovi lungguh bareng
4)      Putri ayu nanging akeh mangane
b.      Camboran raketan/rapatan
1)      Raketan jejer
Tuladha : Ibu siram, dhahar, lan ngasta.
2)      Raketan wasesa
Tuladha : Ibu ngresiki kamar, adhik jedhing, lan bapak teras.
3)      Raketan lesan
Tuladha : Bu Rurah nulis geguritan, Nabila sing maca, lan Jovi sing ngrungokake.
4)      Raketan keterangan
Tuladha : anggone tindhak menyang Jakarta, Bapak nitih bis, Ibu nitih kereta, lan kula numpak pesawat.
c.       Camboran sungsun (tembung penghubunge kajaba lan lan utawa)
Tuladha :
1)      Kula ningali TV nalika bapak maos koran

2)      Adit budhal sekolah esuk banget supaya ora telat

Filosofi Wayang "Semar"

FILOSOFI SEMAR
Semar : bojone Dewi Kanistri
·         Rambute kuncung, nanging wajahe tuwo, tegese ana wong tuwo lan enom.
·         Awake lemu gundhek/bunder, nyimbolake bumi gawe manungso.
·         Mripate nangis, nanging lesane mesem, tegese ana susah lan seneng.
·         Semaar iku lanang, nanging nduweni pentil, tegese ono wong lanang lan wadon.
·         Driji telunjukke semar nduding lurus, tegese semar iku nduweni kepinginan sing kuat lan tumidhake lurus/bener.

·         Tangane ning mburi siji, tegese yen kita menehi wong liyan ora oleh diweruh-weruhake wong liyane.

Contoh Drama Bahasa Jawa Beserta Unsur Intrinsiknya

WIBISANA DITUNDHUNG

Kocap ing Praja Ngalengka, Sang Prabu Dasamuka saweg nandhang duhkita, amarga ananing peperangan kang sangsaya suwe sangsaya gawe rusaking para kawula lan wis akeh para  paramparaning praja dalah para putra kang wus palastra. Nalika semana Sang Prabu Dasamuka lagya lenggah ing kursi gadhing dhampar kencana pinatik ing mas inten berleyan, gebyaring mas inten dadi blerenging kang padha nyawang, nanging kang nglenggahi kursi iku katon surem kucem suryane lir rembulan kalingan mega.
Kedadeyan iku dibarengi lungane rayi Kumbakarna tapa sare.
Kumbakarna               : “Prabu, kawula arep lunga saka praja, kula arep tapa sare ing ereng-erenge aldaka”.
Dasamuka                   : “Yen ngunu karepmu, yo wes, lungoo saka praja iki!”
Rayi Kumbakarna wus katundhung lunga saka praja, nulya tapa sare ing ereng-erenge aldaka.
Swaraning gendhing menyang seta wis setrep. Prabu Dasamuka ngendika sora adangu mring para kawula kang diwakili dening ki Patih Prahastha.
Dasamuka                   : “He Paman Prahastha, apa padha becik sarawuhmu aneng ngarsaku paman?”
Patih Prahastha           : “Nun kawula nok non, saking pangestuning anak angger kula dalah para kawula padha besuki. Lha ing peperangan iki apa sing bisa ngundurake prajurit kethek elek kang dipandhegani dening Rama? Nun nyandhong deduka ingkang kathah anak angger, para prajurit dalah putra paduka Bukbis, Kataksini sampun palastra.”
Dasamuka                   : “Lha dalah, kurang ajar tenan si Rama, yen kaya ngono ateges kethek elek saya ngasep mlebu Ngalengka?”
Patih Prahastha           : “Inggih, malah sampun damel pawotan wonten ing saler nagari Ngalengka, lan pawotan punika kadamel kanthi sentosa. Dene ingkang mendhegi damel pawotan punika pun Anggada lan Anila, dipun jangkuni dening Anoman.”
Dasamuka                   : “Sansaya kurang ajar. Anggada iku rak ponakanku dhewe, nanging kok malah nyengkuyung Prabu Rama sing dudu apa-apane. Paman Patih! Liya wektu, rimuken Anggada supaya gelem mbantu Ngalengka. Yen perlu iming-imingana kang nyenengake atine, lan sulang-sulangana yen dheweke iku rak kerabat Ngalengka, jalaran ibune Anggada iku rak kadang mudha karo Dewi Tari.”
Patih Prahastha           : “Inggih kawula noknon.”
Dasamuka                   : “Adhiku wong bagus Wibisana! Sun enteni wit mau kok ora ana guneme. Piye panemunira ana paprangan iki?”
Wibisana                     : “Kaka Prabu, manawi kaka prabu andangu dhateng kawula, kula matue prasaja. Waleh-waleh punapa sejatosipun tumindakipun kaka prabu ingkang sampun kumawantun angrebat garwaning asanes punika kirang prayogi, malah jer punika nalisir saking paugeraning negeri. Manawi kaka prabu badhe maluyakaken para kawula saking kasangsaran jalaran wontening paprangan punika, saenipun kaka prabu amangsulaken Retno Wara shinta dhateng prabu Rama.”
Dasamuka                   : “Setan alas!! Becik kabeh pakartine kabeh sedulur-sedulurku. Kumbakarno pintere mung ambadhog lan ngorok alas. Dikongkon maju perang mbentengi prajurit kang kalindhih ing paprangan malah mopo ora saguh, lan ngelek-ngelek panjenengan ingsun. Entuk owah opo kowe saka Rama Wijaya he?! Yen kowe ora seneng karo tumindakku ateges kowe ora seneng duwe sedulur aku. Ingsun dhewe yo ora sudi karo sedulur kang mbidho api rowang. Laire ana ing pihakku, nanging atine ing pihak mungsuh. Tak tegakake kowe Wibisana! Dadi begundhale Rama. Minggata saiki, yen ora minggat, tak pateni kowe, minggato! Minggat!”
Sang Prabu Dasamuka duka banget, lan Wibisana dipala nganti ten enget purwa madya wasana. Kuwandhanira gilang-gilang aneng tengahing paseban.
Dasamuka                   : “Paman Prahastha! Buwangen Wibisana aneng tengahe samodra. Urip yo ben, mati yo sokur. Tiwas ngopeni sadulur kang ora ana gunane aneng Praja Ngalengka.”
Patih Prahastha           : “Inggih Prabu.”
Patih Prahastha sigra mbekta Raden Wibisana ditulung dening Raden Anoman, lan ragane kang kabuncang aneng arsa tiba ing samodra terus disaut dening Raden anoman.
Patih Prahasta : (Mbuwang Wibisana ana tengahe samodra)
Anoman                      : “Lapo Prahasta kuwi? Mbuwang Wibisana? Iyo, mbuwang Wibisana. Waduh, gawat iki, aku kudu nylametake Wibisana.” (langsung nyaut Wibisana wektu Patih Prahasta mbuwang ing samodra)
Sawise Wibisana disaut dening Anoman, Wibisana kabopong binekta mring Pancawati. Banjur Wibisana ketemu kalian Prabu Rama.
Wibisana                     : “Matursembah nuwun Prabu, panjenengan sampun nylametaken nyawa kula.”
Prabu Rama                : “Sing wes nylametno nyawamu iku Raden Anoman, dadi ucapno suwun marang Raden Anoman.”
Wibisana                     : “Matursembah nuwun Prabu anoman, panjenengan sampun nylametaken nyawa kula.”
Anoman                      : “Iyo, tak trimo ucapan suwunmu. Wes, saiki wenehono panjelasan marang Prabu Rama.”
Prabu Rama                : “Opo sing wes kedadeyan marang awakmu Wibisana?”
Wibisana                     : “Kula ditundhung marang Prabu Dasamuka, amargi kula mboten sepihak kaliyan Prabu Dasamuka.”
Prabu Rama                : “Ala temen sifate Dasamuka. Wes, saiki ngene, kowe arep melu aku ngrewangi Pancawati, opo arep mbalek melu Dasamuka ngrewangi Ngalengka?”
Wibisana                     : “Kula badhe tumut panjenengan Prabu, kula badhe ngrewangi Praja Pancawati, kula mihak praja ingkang sae lan mboten ala, kula inggih badhe ngabekti panjenengan.”
Prabu Rama                : “Yo wes lek ngunu kekarepanmu, tak trimo kowe dadi kerabate Pancawati.”
Para kawula Pancawati sami gumbira anampa Raden Wibisana ngawula ing Pancawati.



UNSUR-UNSUR INTRINSIK
Unsur-unsur intrinsik ing sajrone crito Wibisana Ditundhung yaiku:
1.      Tema        : Pewayangan
2.      Alur/Plot  : Maju
3.      Paraga lan watake :
·         Kumbakarna         : Becik lan berbudi wening.
·         Dasamuka                        : Murka, ala, lan serakah.
·         Patih Prahastha    : Ala, seneng mihak marang sing ala.
·         Anoman               : Becik lan seneng tetulung.
·         Prabu Rama          : Becik, bijaksana, lan seneng tetulung.
·         Wibisana              : Becik, seneng mihak marang kebecikan.
4.      Latar/setting
·         Latar panggonan  : Praja Ngalengka, Samodra, Praja Pancawati.
·         Latar wektu          : Awan.
·         Latar kahanan      : Tegang, seneng.

5.      Amanat/pesen moral        : Kita kudu mihak marang kabecikan lan aja maksakake                                     kekarepane dewe marang wong liyo.

Pengertian dan jenis-jenis iklan dalam bahasa Jawa.


IKLAN
Iklan yaiku kegiatan menehi informasi bab barang lan jasa sing migunaake media massa online utawa offline.
Iklan nduweni paugeran, yaiku:
1)   Iklan migunaake media massa kanggo masifikasi layang.
2)   Migunaake sponsor sing wes teridentifikasi.
3)   Nduweni sifat menehi informasi marang khalayak.
4)   Nduweni tujuan kanggo ngentokno audiens seakeh-akehe.
Jenis-jenise iklan, yaiku :
A.      Iklan sing nganggo dasar tujuan
1.    Iklan Informatif
Iklan informatif yaiku, iklan kang nduweni paugeran :
a)         Nduweni tujuan mbentuk kesadaran lan pengetahuan bab produk utawa fitur-fitur saka produk kang wes ana.
b)        Njelasno cara kerja pproduk.
c)         Menehi infrmasi harga lan kemasan produk
d)        Ngoreksi produk
Tuladhane iklan informatif yaiku iklan hp Sony Ericsson Z550i, iklan Dji Sam Soe, iklan Coca Cola.
2.    Iklan Persuasif
Iklan persuasif nduweni paugeran,yaiku :
a)         Nduweni tujuan nyiptakno kesenengan, preferensi lan keyakinan, sahinggo konsumen arep tuku lan migunaake barang lan jasa.
b)        Nganjurno khalayak milih merk tertentu.
c)         Nganjurno kalayak tuku.
d)        Ngubah persepsi konsumen.
e)         Mbujuk khalayak tuku saiki.
Tuladhane iklan persuasif yaiku, iklan Samsung Slim Fit T, iklan Canon Printer PIXMA iP1200.
3.    Iklan reminder
Iklan reminder nduweni paugeran, yaiku :
a)         Nduweni tujuan ndorong konsumen tuku maneh barang lan jasa.
b)        Ngilingno konsumen tuku produk iku.
c)         Njaga kesadaran produk.
d)        Njalin hubungan apik karo kosumen.
Tuladha : iklan Vita Zone, iklan Hotel Santika Malang, iklan Simpati Jitu.
B.       Iklan umum
1.    Iklan Tanggung Jawab Sosial
Iklan tanggung jawab sosial, yaiku iklan kang nduweni tujuan nyebarno pesan kang nduweni sifat informatif, penerangan, pendidikan supaya mbentuk sikap warga, sahinggo nduweni tanggung jawab marrang masalah sosial. Tuladha : iklan anjuran, lan iklan penggambaran sosial.
2.    Iklan Bantahan
Iklan bantahan yaiku iklan kang digunakake mbantah utawa nglawan isu kang nggawe rugi dan ndandani citrane wong, perusahaan utawa merek kang tercemar amarga informasi kang ora bener. Ciri khas iklan iki yaiku ndheleh komunikator  gawe pihak kang teraniaya utawa digawe rugi pihak liya. Tujuan iklan bantahan yaiku: ngilimisi iklan kang ora bener lan ora nguntungno; nglurusno isu ing porsi kang bener, sesuai karo maksud perusahaan; mbangun simpati khalayak; mbangun opini publik menawa perusahaan ana ing posisi kang bener.



3.    Iklan Pembelaan
Iklan pembelaan yaiku ‘lawan’ saka iklan bantahan. Tujuan saka iklan iki yaiku supaya oleh simpati saka khalayak menawa perusahaan ana ing posisi kang bener. Tuldhane yaiku iklan kang kaiket karo hak paten.
4.    Iklan Perbaikan
Iklan perbaikan yaiku iklan kanggo mbenakno layang-layang  bab hal kang wes kahung keliru lan disebarake nganggo media. Istilah lain iklan iki yaiku iklan ralat utawa iklan pembetulan. Iklan iki nduweni tujuan kanggo ngralat informasi sing keliru, sahinggo publik tetep oleh informasi kang bener.
5.    Iklan Keluarga
Iklan keluarga yaiku iklan kang isi layang-layange  pemberitahuan saka pengiklan bab kedadiane peristiwa kekeluargaan marang keluarga/khalayak lainne. Iklan keluarga biasane luwih akeh rupa iklan kolom lan display, ora akeh nduweni isi ilustrasi gambar, lan luwih ngandalno layang tulis. Tuladhane yaiku iklan bab kematian, pernikahan, wisuda, lan liya-liyane.
C.       Iklan khusus
1.    Iklan kang nganggo dasar media kang digunakake :
a)         Iklan Cetak yaiku iklan kang digawe lan dipasang karo migunakake teknik cetak. Tuladhane, yaiku: iklan cetak surat kabar, iklan cetak baliho, iklan cetak poster, iklan spanduk, lan liya-liyane.
b)        Iklan Elektronik yaiku iklan kang dipasang ing media kaya radio, lan TV.
2.    Iklan kang nganggo dasar tujuan iklan :
a)         Iklan Komersial yaiku iklan bisnis kang nduweni tujuan kanggo ngentokno keuntungan ekonomi. Iklan komersial dibagi dadi telung jenis iklan, yaiku iklan kanggo konsumen, kanggo bisnis lan iklan kanggo profesional.
b)        Iklan Non Komersial yaiku iklan kang digunakake kanggo nyampekake informasi, ndidik khalayak.



3.    Iklan kang nganggo dasar bidang isi layang :
a)         Iklan Politik.
b)        Iklan Pendidikan.
c)         Iklan Kesehatan.
d)        Iklan kecantikan lan perawatan tubuh.
e)         Iklan Pariwisata.
f)         Iklan hiburan.
g)        Iklan Olah Raga.
h)        Iklan Hukum.
i)          Iklan Lowongan Pekerjaan / Recruitment.
j)          Iklan Duka Cita.
k)        Iklan Perkawinan.
l)          Iklan panganan lan ombean.
m)      Iklan Otomotif.
n)        Iklan lingkungan Hidup.
o)        Iklan Media.
4.    Iklan kang nganggo dasar komunikatore
a)         Iklan Personal.
b)        Iklan Keluarga.
c)         Iklan Instusi.
5.    Iklan kang nganggo dasar cakupan
a)         Iklan Lokal yaiku iklan kang cakupan khalayak sasaran kang dituju ana ing wilayah lokal, kayata pedesaan utawa perkotaan, utawa kabupaten.
b)        Iklan Regional yaiku iklan kang cakupan khalayak luwih saka siji wilayah lokal.
c)         Iklan Nasional yaiku iklan kang target konsumen ana ing kabeh wilayah negara.
d)        Iklan Internasional yaiku iklan kang mbidik khalayak kang njangkau trans nasional utawa luwih saka siji negara.



6.    Iklan kang nganggo dasar fungsi
a)         Iklan Informasi yaiku iklan kang nitik beratke isi kanggo  informasi kanggo khalayak.
b)        Iklan Persuasi yaiku iklan kang nitik beratke ing upaya ngaruhi khalayak kanggo nglakokake penggawean.
c)         Iklan mendidik yaiku iklan kang nitik beratke ing tujuan ndidik khalayak, supaya khalayak ngerti lan nduwe pengetahuan.
d)        Iklan Parodi/Hiburan yaiku iklan kang digawe kanggo keperluan guyonan.










About Me

Isbakhul Lailatil Fibriyah
View my complete profile