WIBISANA
DITUNDHUNG
Kocap ing Praja Ngalengka, Sang Prabu Dasamuka saweg
nandhang duhkita, amarga ananing peperangan kang sangsaya suwe sangsaya gawe rusaking
para kawula lan wis akeh para paramparaning
praja dalah para putra kang wus palastra. Nalika semana Sang Prabu Dasamuka
lagya lenggah ing kursi gadhing dhampar kencana pinatik ing mas inten berleyan,
gebyaring mas inten dadi blerenging kang padha nyawang, nanging kang nglenggahi
kursi iku katon surem kucem suryane lir rembulan kalingan mega.
Kedadeyan iku dibarengi lungane rayi Kumbakarna tapa
sare.
Kumbakarna : “Prabu, kawula arep lunga saka
praja, kula arep tapa sare ing ereng-erenge aldaka”.
Dasamuka : “Yen ngunu karepmu, yo wes,
lungoo saka praja iki!”
Rayi Kumbakarna wus katundhung lunga saka praja,
nulya tapa sare ing ereng-erenge aldaka.
Swaraning gendhing menyang seta wis setrep. Prabu Dasamuka
ngendika sora adangu mring para kawula kang diwakili dening ki Patih Prahastha.
Dasamuka : “He Paman Prahastha, apa
padha becik sarawuhmu aneng ngarsaku paman?”
Patih Prahastha : “Nun kawula nok non, saking
pangestuning anak angger kula dalah para kawula padha besuki. Lha ing
peperangan iki apa sing bisa ngundurake prajurit kethek elek kang dipandhegani
dening Rama? Nun nyandhong deduka ingkang kathah anak angger, para prajurit
dalah putra paduka Bukbis, Kataksini sampun palastra.”
Dasamuka : “Lha dalah, kurang ajar
tenan si Rama, yen kaya ngono ateges kethek elek saya ngasep mlebu Ngalengka?”
Patih Prahastha : “Inggih, malah sampun damel pawotan
wonten ing saler nagari Ngalengka, lan pawotan punika kadamel kanthi sentosa.
Dene ingkang mendhegi damel pawotan punika pun Anggada lan Anila, dipun
jangkuni dening Anoman.”
Dasamuka : “Sansaya kurang ajar.
Anggada iku rak ponakanku dhewe, nanging kok malah nyengkuyung Prabu Rama sing
dudu apa-apane. Paman Patih! Liya wektu, rimuken Anggada supaya gelem mbantu
Ngalengka. Yen perlu iming-imingana kang nyenengake atine, lan sulang-sulangana
yen dheweke iku rak kerabat Ngalengka, jalaran ibune Anggada iku rak kadang
mudha karo Dewi Tari.”
Patih Prahastha : “Inggih kawula noknon.”
Dasamuka : “Adhiku wong bagus
Wibisana! Sun enteni wit mau kok ora ana guneme. Piye panemunira ana paprangan
iki?”
Wibisana : “Kaka Prabu, manawi kaka
prabu andangu dhateng kawula, kula matue prasaja. Waleh-waleh punapa
sejatosipun tumindakipun kaka prabu ingkang sampun kumawantun angrebat
garwaning asanes punika kirang prayogi, malah jer punika nalisir saking
paugeraning negeri. Manawi kaka prabu badhe maluyakaken para kawula saking
kasangsaran jalaran wontening paprangan punika, saenipun kaka prabu amangsulaken
Retno Wara shinta dhateng prabu Rama.”
Dasamuka : “Setan alas!! Becik kabeh
pakartine kabeh sedulur-sedulurku. Kumbakarno pintere mung ambadhog lan ngorok
alas. Dikongkon maju perang mbentengi prajurit kang kalindhih ing paprangan
malah mopo ora saguh, lan ngelek-ngelek panjenengan ingsun. Entuk owah opo kowe
saka Rama Wijaya he?! Yen kowe ora seneng karo tumindakku ateges kowe ora
seneng duwe sedulur aku. Ingsun dhewe yo ora sudi karo sedulur kang mbidho api
rowang. Laire ana ing pihakku, nanging atine ing pihak mungsuh. Tak tegakake
kowe Wibisana! Dadi begundhale Rama. Minggata saiki, yen ora minggat, tak
pateni kowe, minggato! Minggat!”
Sang Prabu Dasamuka duka banget, lan Wibisana dipala
nganti ten enget purwa madya wasana. Kuwandhanira gilang-gilang aneng tengahing
paseban.
Dasamuka : “Paman Prahastha! Buwangen
Wibisana aneng tengahe samodra. Urip yo ben, mati yo sokur. Tiwas ngopeni sadulur
kang ora ana gunane aneng Praja Ngalengka.”
Patih Prahastha : “Inggih Prabu.”
Patih Prahastha sigra mbekta Raden Wibisana ditulung
dening Raden Anoman, lan ragane kang kabuncang aneng arsa tiba ing samodra
terus disaut dening Raden anoman.
Patih
Prahasta : (Mbuwang Wibisana ana tengahe samodra)
Anoman : “Lapo Prahasta kuwi?
Mbuwang Wibisana? Iyo, mbuwang Wibisana. Waduh, gawat iki, aku kudu nylametake
Wibisana.” (langsung nyaut Wibisana wektu
Patih Prahasta mbuwang ing samodra)
Sawise Wibisana disaut dening Anoman, Wibisana
kabopong binekta mring Pancawati. Banjur Wibisana ketemu kalian Prabu Rama.
Wibisana : “Matursembah nuwun Prabu,
panjenengan sampun nylametaken nyawa kula.”
Prabu Rama : “Sing wes nylametno nyawamu
iku Raden Anoman, dadi ucapno suwun marang Raden Anoman.”
Wibisana : “Matursembah nuwun Prabu
anoman, panjenengan sampun nylametaken nyawa kula.”
Anoman : “Iyo, tak trimo ucapan
suwunmu. Wes, saiki wenehono panjelasan marang Prabu Rama.”
Prabu Rama : “Opo sing wes kedadeyan marang
awakmu Wibisana?”
Wibisana : “Kula ditundhung marang
Prabu Dasamuka, amargi kula mboten sepihak kaliyan Prabu Dasamuka.”
Prabu Rama : “Ala temen sifate Dasamuka.
Wes, saiki ngene, kowe arep melu aku ngrewangi Pancawati, opo arep mbalek melu
Dasamuka ngrewangi Ngalengka?”
Wibisana : “Kula badhe tumut panjenengan
Prabu, kula badhe ngrewangi Praja Pancawati, kula mihak praja ingkang sae lan
mboten ala, kula inggih badhe ngabekti panjenengan.”
Prabu Rama : “Yo wes lek ngunu kekarepanmu,
tak trimo kowe dadi kerabate Pancawati.”
Para kawula Pancawati sami gumbira anampa Raden
Wibisana ngawula ing Pancawati.
UNSUR-UNSUR INTRINSIK
Unsur-unsur intrinsik ing sajrone crito Wibisana
Ditundhung yaiku:
1. Tema : Pewayangan
2. Alur/Plot : Maju
3. Paraga
lan watake :
·
Kumbakarna : Becik lan berbudi wening.
·
Dasamuka :
Murka, ala, lan serakah.
·
Patih Prahastha : Ala, seneng mihak marang sing ala.
·
Anoman :
Becik lan seneng tetulung.
·
Prabu Rama : Becik, bijaksana, lan seneng tetulung.
·
Wibisana :
Becik, seneng mihak marang kebecikan.
4. Latar/setting
·
Latar panggonan : Praja Ngalengka, Samodra, Praja Pancawati.
·
Latar wektu : Awan.
·
Latar kahanan : Tegang, seneng.
5.
Amanat/pesen moral : Kita kudu mihak marang kabecikan lan
aja maksakake kekarepane dewe marang wong liyo.
2 comments:
lelewane basa nya apa aja makasih
Unsur ekstrinsik nya mana kak
Post a Comment