Pengertian dan jenis-jenis iklan dalam bahasa Jawa.


IKLAN
Iklan yaiku kegiatan menehi informasi bab barang lan jasa sing migunaake media massa online utawa offline.
Iklan nduweni paugeran, yaiku:
1)   Iklan migunaake media massa kanggo masifikasi layang.
2)   Migunaake sponsor sing wes teridentifikasi.
3)   Nduweni sifat menehi informasi marang khalayak.
4)   Nduweni tujuan kanggo ngentokno audiens seakeh-akehe.
Jenis-jenise iklan, yaiku :
A.      Iklan sing nganggo dasar tujuan
1.    Iklan Informatif
Iklan informatif yaiku, iklan kang nduweni paugeran :
a)         Nduweni tujuan mbentuk kesadaran lan pengetahuan bab produk utawa fitur-fitur saka produk kang wes ana.
b)        Njelasno cara kerja pproduk.
c)         Menehi infrmasi harga lan kemasan produk
d)        Ngoreksi produk
Tuladhane iklan informatif yaiku iklan hp Sony Ericsson Z550i, iklan Dji Sam Soe, iklan Coca Cola.
2.    Iklan Persuasif
Iklan persuasif nduweni paugeran,yaiku :
a)         Nduweni tujuan nyiptakno kesenengan, preferensi lan keyakinan, sahinggo konsumen arep tuku lan migunaake barang lan jasa.
b)        Nganjurno khalayak milih merk tertentu.
c)         Nganjurno kalayak tuku.
d)        Ngubah persepsi konsumen.
e)         Mbujuk khalayak tuku saiki.
Tuladhane iklan persuasif yaiku, iklan Samsung Slim Fit T, iklan Canon Printer PIXMA iP1200.
3.    Iklan reminder
Iklan reminder nduweni paugeran, yaiku :
a)         Nduweni tujuan ndorong konsumen tuku maneh barang lan jasa.
b)        Ngilingno konsumen tuku produk iku.
c)         Njaga kesadaran produk.
d)        Njalin hubungan apik karo kosumen.
Tuladha : iklan Vita Zone, iklan Hotel Santika Malang, iklan Simpati Jitu.
B.       Iklan umum
1.    Iklan Tanggung Jawab Sosial
Iklan tanggung jawab sosial, yaiku iklan kang nduweni tujuan nyebarno pesan kang nduweni sifat informatif, penerangan, pendidikan supaya mbentuk sikap warga, sahinggo nduweni tanggung jawab marrang masalah sosial. Tuladha : iklan anjuran, lan iklan penggambaran sosial.
2.    Iklan Bantahan
Iklan bantahan yaiku iklan kang digunakake mbantah utawa nglawan isu kang nggawe rugi dan ndandani citrane wong, perusahaan utawa merek kang tercemar amarga informasi kang ora bener. Ciri khas iklan iki yaiku ndheleh komunikator  gawe pihak kang teraniaya utawa digawe rugi pihak liya. Tujuan iklan bantahan yaiku: ngilimisi iklan kang ora bener lan ora nguntungno; nglurusno isu ing porsi kang bener, sesuai karo maksud perusahaan; mbangun simpati khalayak; mbangun opini publik menawa perusahaan ana ing posisi kang bener.



3.    Iklan Pembelaan
Iklan pembelaan yaiku ‘lawan’ saka iklan bantahan. Tujuan saka iklan iki yaiku supaya oleh simpati saka khalayak menawa perusahaan ana ing posisi kang bener. Tuldhane yaiku iklan kang kaiket karo hak paten.
4.    Iklan Perbaikan
Iklan perbaikan yaiku iklan kanggo mbenakno layang-layang  bab hal kang wes kahung keliru lan disebarake nganggo media. Istilah lain iklan iki yaiku iklan ralat utawa iklan pembetulan. Iklan iki nduweni tujuan kanggo ngralat informasi sing keliru, sahinggo publik tetep oleh informasi kang bener.
5.    Iklan Keluarga
Iklan keluarga yaiku iklan kang isi layang-layange  pemberitahuan saka pengiklan bab kedadiane peristiwa kekeluargaan marang keluarga/khalayak lainne. Iklan keluarga biasane luwih akeh rupa iklan kolom lan display, ora akeh nduweni isi ilustrasi gambar, lan luwih ngandalno layang tulis. Tuladhane yaiku iklan bab kematian, pernikahan, wisuda, lan liya-liyane.
C.       Iklan khusus
1.    Iklan kang nganggo dasar media kang digunakake :
a)         Iklan Cetak yaiku iklan kang digawe lan dipasang karo migunakake teknik cetak. Tuladhane, yaiku: iklan cetak surat kabar, iklan cetak baliho, iklan cetak poster, iklan spanduk, lan liya-liyane.
b)        Iklan Elektronik yaiku iklan kang dipasang ing media kaya radio, lan TV.
2.    Iklan kang nganggo dasar tujuan iklan :
a)         Iklan Komersial yaiku iklan bisnis kang nduweni tujuan kanggo ngentokno keuntungan ekonomi. Iklan komersial dibagi dadi telung jenis iklan, yaiku iklan kanggo konsumen, kanggo bisnis lan iklan kanggo profesional.
b)        Iklan Non Komersial yaiku iklan kang digunakake kanggo nyampekake informasi, ndidik khalayak.



3.    Iklan kang nganggo dasar bidang isi layang :
a)         Iklan Politik.
b)        Iklan Pendidikan.
c)         Iklan Kesehatan.
d)        Iklan kecantikan lan perawatan tubuh.
e)         Iklan Pariwisata.
f)         Iklan hiburan.
g)        Iklan Olah Raga.
h)        Iklan Hukum.
i)          Iklan Lowongan Pekerjaan / Recruitment.
j)          Iklan Duka Cita.
k)        Iklan Perkawinan.
l)          Iklan panganan lan ombean.
m)      Iklan Otomotif.
n)        Iklan lingkungan Hidup.
o)        Iklan Media.
4.    Iklan kang nganggo dasar komunikatore
a)         Iklan Personal.
b)        Iklan Keluarga.
c)         Iklan Instusi.
5.    Iklan kang nganggo dasar cakupan
a)         Iklan Lokal yaiku iklan kang cakupan khalayak sasaran kang dituju ana ing wilayah lokal, kayata pedesaan utawa perkotaan, utawa kabupaten.
b)        Iklan Regional yaiku iklan kang cakupan khalayak luwih saka siji wilayah lokal.
c)         Iklan Nasional yaiku iklan kang target konsumen ana ing kabeh wilayah negara.
d)        Iklan Internasional yaiku iklan kang mbidik khalayak kang njangkau trans nasional utawa luwih saka siji negara.



6.    Iklan kang nganggo dasar fungsi
a)         Iklan Informasi yaiku iklan kang nitik beratke isi kanggo  informasi kanggo khalayak.
b)        Iklan Persuasi yaiku iklan kang nitik beratke ing upaya ngaruhi khalayak kanggo nglakokake penggawean.
c)         Iklan mendidik yaiku iklan kang nitik beratke ing tujuan ndidik khalayak, supaya khalayak ngerti lan nduwe pengetahuan.
d)        Iklan Parodi/Hiburan yaiku iklan kang digawe kanggo keperluan guyonan.










16 comments:

admin said...

artikelnya bagus . tapi blognya sangat berat dan alay bingits =D

Isbakhul Lailatil Fibriyah said...

terimakasih masukannya :)

Unknown said...

guud article,but ur blog is very alay

Kurniawan Pradana said...

Unknown said...

Yosh

havinda nurjannah said...

bagus banget buat para pelajar yang sedang cari tugas .. tpi blognya terlalu banyak warna .. sharusnya simpel tpi menarik artikelnya gtu

Isbakhul Lailatil Fibriyah said...

Terima kasih atas kunjungan dan semua masukannya :)

Unknown said...

Makasih banyak ka aku belajar pts lewat blog kakak, bermanfaat sekali, lebih baik kedepannya yaahh:)))

Reine said...

Pas banget, lagi belajar buat PAT. Makasih kak

Unknown said...

Terimakasih buat artikelnya

Yusuf Indra Rabbani said...

Materinya kurang lengkap

Isbakhul Lailatil Fibriyah said...

Alhamdulillah
Terima kasih atas kunjungannya

Isbakhul Lailatil Fibriyah said...

Terima kasih atas kunjungannya dan kritiknya
Semoga ke depan lebih lengkap lagi, akan dijadikan evaluasi ke depannya

Isbakhul Lailatil Fibriyah said...

Alhamdulillah terim kasih atas kunjungannya

Unknown said...

haloo waw uda 5 th yg lalu

Dinda aulia tkj said...

sangat membantu

Post a Comment

About Me

Isbakhul Lailatil Fibriyah
View my complete profile