Keuntungan dan Kekurangan Iklim Tropis, Geostrategis, dan Tanah yang Subur

KEUNTUNGAN DAN KEKURANGAN MASYARAKAT YANG TINGGAL DI DAERAH IKLIM TROPIS.
KEUNTUNGAN
KEKURANGAN
Kegiatan ekonomi masyarakat akan berjalan dengan baik.
Masyarakat akan menjadi pemalas, karena tidak ada tantangan berat.
Suhu udara tidak terlalu ekstrim, yaitu 27 derajat C.
Sering terjadi kekeringan dan kebakaran ketika musim kemarau berkepanjangan.
Masyarakat bisa merasakan sinar matahari.
Sering terjadi kebanjiran saat musim penghujan yang berkepanjangan.
Masyarakat bisa melakukan kegiatan pertanian, perkebunan, dan peternakan dengan baik.
Masyarakat sering terserang penyakit saat musim pancaroba.
Terdapat beraneka ragam flora dan fauna.
Sering terjadi erupsi gunung berapi karena merupakan jalur pegunungan aktif.
Kaya akan barang tambang.
Tidak bisa menanam tumbuh-tumbuhan seperti bunga sakura dan pohon kurma.

KEUNTUNGAN LETAK GEOSTRATEGIS INDONESIA DI ANTARA 2 BENUA DAN 2 SAMUDRA.
EKONOMI
TRANSPORTASI
KOMUNIKASI
Indonesia banyak dikunjungi turis asing sehingga dapat menambah devisa negara.
Menjadi  jalur lalu lintas internasional.
Indonesia memiliki banyak variasi bahasa, tetapi tidak meninggalkan bahasa Indonesia.
Terjadinya proses ekspor dan impor yang luas.
Menjaadi jalur transit internasional.
Indonesia dapat dengan mudah menjalin relasi dengan negara lain.
Kaya akan hasil laut dan SDA yang melimpah
Menjadi tempat persinggahan kapal asing dari negara lain.
Indonesia dapat mempelajari bahasa asing kaum pedagang.
Banyak negara asing yang menanamkan modal di Indonesia
Mendapat dampak kemajuan teknologi transportasi.
Terbinnya hubungan internasional
Daerah yang strategis untuk tempat perdagangan internasional.
Dengan mudahnya Indonesia sebagai tempat wisata, sehingga bisnis transportasi di kawasan wisata pun meningkat.
Indonesia mudah menjalin komunikasi dengan wrga asing yang datang untuk berwisata.

KEUNTUNGAN INDONESIA MEMILIKI TANAH YANG SUBUR :
Warga Indonesia dapat menanam tumbuhan dengan subur.

Tanah di Indonesia subur karena di Indonesia banyak terdapat Gunung berapi.

Tembung Saroja

TEMBUNG SAROJA
Tembung saroja yaiku tembung loro utawi luwih kang duwe teges padha, banjur dienggo bebarengan.
Tuladha :
1.         Amarga tibo saka sepeda, awake babak bundhas.
2.        Raden Gatotkaca iku satriya kang gagah prakosa.
3.        Crita kancil kalebu crita sato kewan.
            Katrangan :
1.         Babak                                   : tatu kabeh
Bundhas                   : akeh tatune
Babak bundhas       : akeh banget tatune
2.        Gagah                       : prakosah
Prakosa                    : gagah banget
3.        Sato                          : kewan
Kewan                         : kewan
Sato kewan                : kewan

Wacan ing ngisor iki sing kalebu tembung saroja iku sing di garis bawahi lan diwarna abang. !!

Kaluargane Pak Budi bisa dadekake tuladha marang kaluwarga liyane, amarga katon sayuk rukun lan ayem tentrem. Antar anggota kaluwarga marang sanak sadulur duweni akal budi kang edi peni. Peputrane padha sembah bekti marang wong tuwane, andhap asor marang wong liyane.
Mula kaluwargane Pak Budi diparingi rejeki luwih dening kang maha kuwaos. Senajan ngono, piyambake ora duweni sipat angkara murka, piyambake tansah welas lan asih marang wong liyane kang mbutuhake.


Tembung Saloka

TEMBUNG SALOKA

Tembung saloka yaiku unen-unen sing ajeg tembunge ngemu surasa pepindhan sing dipepindhanake uwonge
contoh :
            1.  Tunggak jarak mrajak : turune wong asor dadi linuwih
            2.  Tunggak jati mati : wong luhur nanging cures , turune ora ana sing luhur
            3.  Gajah midhak rapah ; wong sing nerak pranatan sing digawe dewe
            4.  Kebo mulih ing kandhange : pangkat sing wis oncat saka waris , nanging bisa                  bali maneh
            5.  Kebo nusu gudel : wong tuwo sing njaluk wuruk menyang sing enom
            6.  Timun wungkuk jaga imbuh : wong bodho digunakake yen lagi dibutuhake
            7.  Bathok bolu isi madu : wong sing duwe kaluwihan
            8.  Kutuk marani sunduk : wong sing njarak marang kacilakan
            9.  Kethek saranggon : wong ala sarombongan
            10.Asu gedhe menang kerahe : wong sing duwe panguwasa, yen perkaran                              dimenangke ketimbang wong cilik

Tembung Lingga lan Andahan

TEMBUNG LINGGA LAN TEMBUNG ANDAHAN
1.     Tembung Lingga (Kata Dasar)
         Yaiku Tembung kang durung owah saka asale, kang durung oleh imbuhan aoa-apa, utawa kang isih wungkul, isih bwantah utawa isih asli.
Tuladha :
Turu
Mustaka
Tulis
laku
Caping
Tangis
Pari
Pangan
Pati  
2.    Tembung Andhahan
          Yaiku tembung kang wis owah saka asale. Tembung andhahan dumadi saka tembung lingga kang oleh imbuhan utawa tembung lingga kang wis dirimbag. Owah - owahan iku bisa awujud :
     Wuwuhan (imbuhan)
     Nggrangkep tembung (kata ulang)
     Nyambor tembung (kata majemuk)
Salh sawijining cara ndhapuk tembung andhahan iku kanthi menehi wuwuhan, wuwuhan iku ana telu yaiku :
     Ater - ater
     Seselan
     Panambang
     Wuwuhan gabung


Tembung Entar

TEMBUNG ENTAR
Tembung Éntar yaiku tembung kang tegesé ora kaya makna saluguné (kata kiasan).Utawa tembung kang ora kena ditegesi sawantahe baé sinebut uga ing basa Indonesia tembang silihan (kiasan). Ing basa walandané yaiku Figuurlijke betekenis 
Tuladhané:
A
01. abang kupingé = nêsu bangêt
02. (ng)abangké kuping = gawé nêsu
03. abang abang lambé = ora têmênan, mung lêlamisan
04. abang rainê = nandhang isin (wirang)
05. adol ayu = ngêndêlake ayuné
06. adol bagús = ngêndêlaké bagusé
07. adol gawé = ngatonake pênggawéyané
08. adol kringêt = nyambut gawé
09. adol kwanèn = ngêndêlake kwanèné
10. adol krungon = golèk golèk warta/kabar
11. adol séndhé = adol barang mênyang gadhèn
12. adol umbag/umuk = akèh omongé, ning ora ana nyatané
13. adus getíh = tatuné nêmên bangêt
14. adus kringêt = nyambut gawé, abot bangêt
15. adus luh = nêmên anggoné nangís
16. akèh sandhungané = akèh alangané
17. ålå jênêngé = kurang dipêrcåyå
18. ålå kandhutané = ålå wataké
19. ålå tembungé = têmbungé kasar/saru
20. alus tembungé = kêpénak dirungokaké
21. åmbå jangkahé = bisa ikhtiyar mrana-mrana
22. apus kråmå = dibujuki/diapusi cara alus
23. asor budiné = bêbudèné ålå
24. asor yudané = kalah
25. ati dhóndhóng = atiné ålå
26. atiné ånå wuluné = atine ålå/dêngki
B
01. (m)balang liríng = nglirik mripat
02. bau suku = abdi/batur
03. bau têngên = wong kang dipercåyå
04. bêning atine = sumèh
05. (m)buang sangkal = ngilangi/mbuang apês
06. (m)bukak wadi = ngandhakaké wêwadiné
07. (m)buang tilas = nutupi tumindaké sing ålå
C
01. cagak lèk = camilan supaya bêtah mêlèk
02. cagak urip = kanggo nyukupi kêbutuhan uripé
03. cancut taliwåndå = tandang gawé
04. cangkêm gatêl = sênêng ngrasani/nggunêm
05. cêdhak umuré = gêlis mati
06. cêpak jodhone = gêlis olèh jodho
07. cêpak rêjêkiné = gampang olèh rêjêki
08. cilik atiné = kuwatir/wêdi
09. cupêt atiné = gampang nêsu
10. cupêt budiné = ora bisa nggayúh kautaman
11. cupêt jangkahé = ora biså golèk sarånå
12. cupêt nalaré = ora biså mikirake wêrna-wêrnå
13. cupêt pangandêlé = ora percåyå
D
01. dadi gawé = ngrépotaké
02. dåwå-dåwå ujå = perkårå kang ora uwís uwís
03. dåwå tangane = sênêng nyólóng jupúk
04. (n)dhêdhêr kautaman = nandur kêbêcikan
05. dhuwúr atiné = gumêdhé
06. dhuwúr pangkaté = dadi wóng pangkat/panguwasané
E
01. êmpuk rêmbugé = gunêmé énak dirungokaké
02. êntèk atiné = kêwêdèn/kuwatir bangêt
03. ènthèng sanggané = ora rêkåså
04. ènthèng tangané = sênêng tandang gawé
G
01. (ng)gadho ati = gawé susah ati
02. gantung kêpuh = sandhangané ora tau ganti
03. (ng)gantung untu = sêlak kêpingin mangan
04. gêdhé atinée = tatag; ora kuwatir
05. gêdhé êndasé = sómbóng (kêmlungkung)
06. gêdhé ómónge = umúk ora ånå nyatané
07. gêdhée tékadé = ora gampang pasrah
08. (ng)gêdhèkaké pulúk = ora ånå prihatiné
09. (ng)gêgêm tangan = kêsèd nyambut gawé
10. gilig rêmbugé = rêmbugane pasti/mêsti
11. gilig tekadé = tékadé ora bakal mundúr
12. (ng)gilud kawrúh = golèk ilmu kanthi mêmpêng
13. golèk slamêt = ati-ati supaya, ora cilåkå
14. golèk uríp = nyambut gawé nggo nyukupi butuhé
I
01. idu gêni = omongan tansah kêlakon
02. ilat mati = ora bisa ngrasakaké
03. ilang klilipé = ilang mungsuhé
J
01. jåkålårå = rikålå nóm-é rêkåså
02. jêmbar dhadhané = sugíh pangapurå; sabar bangêt
03. jêmbar kawruhé = akèh ngilmuné
04. jêmbar kuburé = mlêbu swarga
05. jêmbar polatané = sumringah
06. jêmbar sêgarané = sugih pangapura; sabar
07. jêro kawruhé = akèh ngilmuné; pintêr


K
01. kådålu warså = kasèp; wis kliwat
02. kandel kulité = digdåyå; sêkti
03. kandel kupingé = ora nggugu pitutúr
04. kaku atiné = tansah ora sarujuk/sulåyå
05. kasar têmbungé = têmbung saru
06. katon dhadhané = wani adu arêp
07. kêgugah atiné = sadar/élíng
08 kêlèpètan ålå = katut ålå
09. kêmbang lambé = tansah digunêm kêbêcikané
10. kakèhan tangan = kakèhan sing nyandhak
11. kêmbang uríp = lêlakone wong urip wêrna-wêrna
12. kêna tinênga-tênga = kêna disambati
13. kêncêng karêpé = kêkarêpane kudu kêturutan
14. kêncêng tékadé = tékadé ora bakal mundúr
15. kulak wartå = golèk kabar/wartå
16. kuwat drajat = cocok dadi pêmimpin/panguwåså
17. kuwat isín = mblêbês ora isinan
18. kuwat mangan = mangané akèh


L
01. lambé tipís = criwis/akèh omongé
02. landhêp dhêngkul = kêthul bangêt
03. landhêp pikirané = pintêr bangêt; gampang ngêrti
04. lårå ati = sêrík atiné
05. lårå ayu = lårå cacar
06. lårå owah = édan; gêndhêng
07. larang pangan = pacêklík
08. lóbók atiné = sabar
09. luhúr budiné = kêlakuane bêcík/apík
10. luhúr drajaté = dadi wong pangkat/panguwåså
11. lurús lakune = jujúr
12. lumah tangan = ora gêlêm cawé-cawé
13. lunyu ilaté = gunêmé méncla-ménclé


M
01. manís èsêmé = èsêm ngrêsêpakaké ati
02. manís rêmbugé = guneme nyênêngaké ati
03. mårå tangan = sênêng gawé lårå/milårå
04. måså bodhoå = pasrah
05. måtå dhuwitan = srakah marang dhuwít
06. måtå loro = mangro tingal
07. matèni pangané = gawé ilang panguripané
08. matêng kawruhé = mumpuni; kawruhé wis tutúg
09. matêng rêmbugé = gunêmé wís disarujuki
10. mati sandhang pangané = ilang dalané golèk panguripané
11. mati rågå = prihatin; tåpå, tirakat
12. mêdhót dalan = ora ditêrusaké
13. métani luputé = nggolèki salahé
14. mêrês kringêt = nyambut gawé mêmpêng
15. mêrês pikír = têmênan anggone mikiraké
16. mogèl ilaté = mangan sing sarwa énak
17. mógól sinauné = ora tutúg sêkolahé
18. murang tåtå = kurang ajar, ora duwé dugå


N
01. nandhang sungkåwå = lagi susah
02. nandur kêbêcikan = gawé kêbêcikan
03. ngadu wulêding kulít = adu kêkuwatan
04. ngangsu kawrúh = golèk ngèlmu/mêguru/sekolah
05. ngatonaké siyungé = nuduhake kêkuwatané/ kuwanèné
06. ngatonake dhadhané = umúk, sumbar
07. ngêkêp dhêngkul = nganggur ora nyambut gawé
08. ngêndhalèni håwå napsu = nyêgah kêkarêpan ålå
09. ngêpuh kringêt = nyambut gawé mêmpêng
09. ngêmut driji = ora oleh åpå-åpå
10. nyolok måtå = kêtårå banget


O
01. olèh ati = disênêngi
02. olèh gawé = kalêksanan
03. olèh wirang = kisinan
04. olèh lårå = kalaran
05. ora duwé ati = kuwatir bangêt, wêedi
06. ora mêlèk = ora ngêrti
07. ora ngundhuh = ora oleh åpå-åpå


P
01. padhang dalan = mlêbu swargå
02. padhang håwå = lair ing donyå
03. padhang langité = sênêng
04. padhang pikiré = lêga sênêng
05. padhang ulaté = sumèh
06. pait gêtiré uríp = warnå-warnå lêlakoné wong uríp
07. paít lêlakoné = uríp rêkåså
08. panas atiné = nêsu bangêt
09. pêcah pamóré = wís ngancík diwåså
10. pêcah pikír = wiwít biså golèk srånå
11. pêdhês rêmbugé = gunêmé gawé sêrík
12. pêrih atiné = susah bangêt
13. pêtêng atiné/pikiré = susah
14. pinggêt atiné = sêrik
15. pulíh gêtihe = pak-puk, ora kalah ora mênang
16. puput yuswå = mati, sédå


R
01. rai gêdhèg = ora duwé isín
02. (ng)rênggå pråjå = njågå negårå
03. (ng)renggå salirå = dandan/macak
04. runtúh atiné = tuwúh wêlasé
05. rupak atiné = cugêtan/ora gampang ngapurå
06. rupak jagadé = judhêg; ora bisa mrånå-mrånå


S
01. sabuk gêlang = sawahé akèh bangêt
02. sêpi kawruh = bodho/ora duwé ilmu
03. sêpi pamríh = ora duwe pamríh
04. sêrêt rêjêkiné = ora gampang golèk rêjêki
05. sêsak dhadhané = mangkêl/anyêl
06. sumpêg atiné = susah/sêdih


T
01. tadhah kålåmångså = dipangan
02. tadhah udan = lirangan gêdhang síng dhuwúr dhéwé
03. tatu atiné = sêrík bangêt
04. tanpa tilas = êntèk blas
05. tipís lambéné = criwis, sênêng nggunêm wóng liyå
06. thukúl pikiré = nduwé akal
07. thukúl turuné = nduwé anak


U
01. udan tangis = akèh síng pådhå nangisi
02. ulat pêtêng = katon nêsu
03. ulat manís = sumèh
04. utang lårå = tau nggawé laran wóng liyå
05. utang nyåwå = tau nggawe patine wóng liyå
06. utang pati = tau nggawe patiné wóng liyå
07. utang wirang = tau nggawe wirangé wóng liyå


W
01. walang ati = sumêlang/kuwatír
02. wani mati = nékad/kêndêl bangêt
03. wani silit wêdi rai = ora wani têrang-têrangan
04. wêtêng kadit = drêmba/ora tampikan
05. wêtêeng karèt = panganané akèh
06. wêdi gêtíh = jiríh/ora wani
07. wêdi kangèlan = lumuh/kêsèd


Rurabasa

RURABASA
Rura basa asalae saka tembung rura lan basa.
Rura tegese rusak.
            Dadi rura basa tegese basa sing rusak, basa sing salah, nanging malah wis kaprah. Dadi sejatine rura asa iku basa sing salah, nanging wis dianggap lumrah, yen dibenerake malah salah / ora lumrah.
Tuladhane :
a.          Nggodhog wedang, benere nggodhog banyu supaya dadi wedang.
b.         Nguleg sambel, benere ngulek lombok, uyah, lan trasi digawe sambel.
c.          Negor gedhang, benere negor wit gedang.

Wacan ing ngisor iki sing kalebu Rura Basa iku sing di garis bawahi lan diwarna abang. !!
           
            Dina Minggu ing umah ku rame banget. Mas lan mbak saka Surabaya padha teka kabeh. Mulane ibu adang sega lan nggodhog wedang rada akeh. Amarga ibu arep kelan lhodeh lan netel jadah. Mas Iwan di utus ibu menek klapa. Banjur Mbak Wati ngrewangi ibu ngulek sambel lan ngirisi dhendheng.
            Aku seneng banget amarga ing omahku rame, ora sepi kaya biasane. Aku ora nulungi ibu masak amarga diutus njaga ponakan ku sing isih cilik. Aku dolanan ing mburi omah, ndelok tanggaku Mbah Pariyo sing lagi nglinthing rokok mbarengi Mbah Sanah sing lagi ngenam klasa.


Purwakanthi

PURWAKANTHI
Purwakanthi asale saka tembung :
         Purwa : Wiwitan / ngarep
        Kanthi : Gandheng
Dadi purwakanthi yaiku gandhengan swara / basa / aksara tembung sing ngarep karo tembung sing mburi.
Purwakanthi kebagi dadi 3 yaiku :
1.         Purwakanthi guru swara yaiku gandhenge swara tembung sing ngarep karo tembung sing mburi.
Tuladha :  
-      Ana awan ana pangan
-      Putri – putri
-      Ireng – ireng njenges
-      Becik kethithik
-      Ala ketara

2.        Purwakanthi guru sastra / aksara : Sing rujuk / pada aksarane / konsonan.
Tuladha :  
-      Kala, kula, kelas, kalih, kalung, kula, kalih
-      Slaman, slumun, slamet
-      Adigang, adigung, adiguna

3.        Purwakanthi guru basa / lumaksita : Sing rujuk / pada pungkasane / akhir gatra ngarep karo angkatane gatra mburi.
Tuladha :
-      Kolik priya, priyagung anjani putra
-      Mung ing tirta, tirta kandheng ing samodra


Parikan

   PARIKAN
Tembung 'parikan' ana gandheng cenenge karo tembung 'pari'. Ing basa Melayu ana rumpakan kang kasebut 'pantun'. Kanthi ringkes, parikan iku ngemu paugeran :
a.    Parikan sapada kadaden saka patang gatra
b.    Purwakanthine a b a b
c.    Gatra kapisan lan kapindho minangka sampiran, gatra katelu lan kapat isining parikan.
         Parikan uga akeh tinemu ing : tari ngremo (ludruk), seni karawitan (jula-juli), seni sastra, lan ana uga kang tinemu ing basa padinan.
Tuladhane :
·         Parikan Ringkes
·         Parikan kang dhinapur rong gatra
·         Parikan kang dhinapur patang gatra


Geguritan

     GEGURITAN
 Geguritan iku wujude koyo puisi ing basa Indonesia, nanging migunakake tetmbungan basa Jawa. Menurut kamus geguritan yaiku tembang uran - uran utawa karangan kang pinathok kaya tembang, nanging guru gatra, guru wilangan lan guru lagune ora ajeg.

            Cak -cakan utawa praktik maca geguritan saora - orane nyakep patang prakara, yaiku :
            Olah swara ( Olah vokal)
            Penampilan
            Sambung ( Komunikatif)
            Sarana
          
            Kanggo luwih nggampangake anggoni mahami lan ngrasakake isine geguritan, yaiku kanthi cara menehi tanda mandheg :
            Tanda / kanggo gantine tanda koma, karepe mendheg sedhela.
            Tanda // kanggo gantine tandha titik, karepe mandheg.
            Tanda = karepe larik siji lan larik sijine isih ana sesambungane utawa ora                                     mandheg


Bebasan

BEBASAN
Bebasan yaiku unen – unen seng ajek panggonane ngemu surasa pepindhan, sing ditindhakake kahanane wong.
Tuladha :
1.         Ana daulate ora ana bejane
Tegese : Wis arep nemu kabegjan, nanging ora sida.
2.        Cuplak andheng – andheng ora prenah anggonane
Tegese : Wong utawa samubarang kang njalari ala, prayoga disingkirake.
3.        Dipalangana mlumpat, ditalenana medhot
Tegese : Yen wes tinadir (jodoh) kayangapa mesti bakal kelakon (dadi)
4.        Gajah alingan suket teki
Tegese : Lahir karo bathine bedha banget, mesti bae ketara.
5.        Kegedhen empyak kurang cagak
Tegese : Kegedhen kekarepan nenging ora sembada.


Basa Ngoko lan Krama

BASA JAWA
Manut unggah – ungguh basa jawa, kebagi dadi loro yaiku :
1.         Basa Ngoko, dipilah dadi loro yaiku :
a.         Basa Ngoko Lugu :  Basa ngoko kabeh ( lajur 1 )
#) Ngoko lugu : Ibu tuku beras ing toko numpak sepedha
                              : Ibu mundhut wos wonten toko nitih sepedha
b.        Basa Ngoko andhap / Ngoko alus : Basa Ngoko, kecampuran basa krama inggil (lajur 3) lajur I + III. Kanggo wong sing di ajak guneman (wong ke II) + sing di omong (wong ke III)
#) Tuladha :
Ibu menyang kantor = Ibu tindak kantor
Bapak mangan lonthong = Bapak dhahar lonthong
Aku mangan, bapak adus = Aku mangan bapak siram
Bapak turu, aku adus = Bapak sare, aku adus (Ing krama madya dadi : Bapak sare kula adus)

2.        Basa Krama Alus
Tembang – tembang kanggo wong ke siji (Awake dewe), nganggo basa madya (lajur II), tembung – tembung kanggo wong ke II lan ke III nanggo lajur ke III (krama inggil).



Aksara Jawa

Huruf dasar (aksara nglegena)

Pada aksara Jawa hanacaraka baku terdapat 20 huruf dasar (aksara nglegena), yang biasa diurutkan menjadi suatu "cerita pendek":
• ha na ca ra ka
• da ta sa wa la
• pa dha ([dha]) ja ya nya ([
ɲa])
• ma ga ba tha ([
ʈa]) nga ([ŋa])
Huruf pasangan (Aksara pasangan)

Pasangan dipakai untuk menekan vokal konsonan di depannya. Sebagai contoh, untuk menuliskan mangan sega akan diperlukan pasangan untuk "se" agar "n" pada mangan tidak bersuara. Tanpa pasangan "s" tulisan akan terbaca manganasega.
Tatacara penulisan Jawa Hanacaraka tidak mengenal spasi, sehingga penggunaan pasangan dapat memperjelas kluster kata.

Ada beberapa huruf pada akasara jawa
Huruf utama (aksara murda)
Huruf Vokal Mandiri (aksara swara)
Huruf tambahan (aksara rèkan)
Huruf Vokal tidak Mandiri (Sandhangan)
Tanda-tanda Baca (pratandha)

Gaya Penulisan (Style, Gagrag) Aksara Jawa
Berdasarkan Bentuk aksara Penulisan aksara Jawa dibagi menjadi 3 yakni:
• Ngetumbar
• Mbata Sarimbag
• Mucuk eri

Berdasarkan Daerah Asal Pujangga/Manuskrip, dikenal gaya penulisan aksara Jawa :
• Jogjakarta
• Surakarta
• Lainnya



About Me

Isbakhul Lailatil Fibriyah
View my complete profile