Tembung Saroja

TEMBUNG SAROJA
Tembung saroja yaiku tembung loro utawi luwih kang duwe teges padha, banjur dienggo bebarengan.
Tuladha :
1.         Amarga tibo saka sepeda, awake babak bundhas.
2.        Raden Gatotkaca iku satriya kang gagah prakosa.
3.        Crita kancil kalebu crita sato kewan.
            Katrangan :
1.         Babak                                   : tatu kabeh
Bundhas                   : akeh tatune
Babak bundhas       : akeh banget tatune
2.        Gagah                       : prakosah
Prakosa                    : gagah banget
3.        Sato                          : kewan
Kewan                         : kewan
Sato kewan                : kewan

Wacan ing ngisor iki sing kalebu tembung saroja iku sing di garis bawahi lan diwarna abang. !!

Kaluargane Pak Budi bisa dadekake tuladha marang kaluwarga liyane, amarga katon sayuk rukun lan ayem tentrem. Antar anggota kaluwarga marang sanak sadulur duweni akal budi kang edi peni. Peputrane padha sembah bekti marang wong tuwane, andhap asor marang wong liyane.
Mula kaluwargane Pak Budi diparingi rejeki luwih dening kang maha kuwaos. Senajan ngono, piyambake ora duweni sipat angkara murka, piyambake tansah welas lan asih marang wong liyane kang mbutuhake.


0 comments:

Post a Comment

About Me

Isbakhul Lailatil Fibriyah
View my complete profile